Senin, 09 Mei 2011

Deneng Sekolah Esih Larang?

Daning Bambang S. Purwoko

Mangsan mbaranggawe sepitan lan ningkahan inyong goli nekani kondhangan nganti tekan plosok desa. Angger ketemu sedulur lan kanca batir dopokane buket pisan merga wis suwe ora padha ketemu. Inyong jane wis dadi dhongkolan camat ning esih ana bae sing nyeluk Pak Camat. Pancen angger neng ndesa jere wis dadi pekulinan dhongkolan lurah esih deceluk Pak Lurah.


Esih akeh kanca batir neng desa sing apal karo inyong, utamane para guru lan tokoh masrakat. Apa bae bisa dadi bahan dopokan ora kejaba prekara pendidikan sing seprana-seprene esih marekna wong tuwa padha mumet. Inyong sing dhongkolan pegawe pemrentahan lan tau dadi ketua BP3 [siki Komite Sekolah] se-Kabupaten Banyumas sering detakoni neng kanca-batir sing esih nyekolahna anak-anake. Umume padha ngangluh babagan rekasane wong nyekolahna anak. Jeremonge esih krasa larang senajan siki wis ana dana BOS, Bea Siswa lan anggaran 20 persen sekang anggaran APBN lan APBD.


“Wah…Kang, rika egin doyan nyambet gawe?. Inyong krungu rika melu ngrumat kalawerta Ancas kambi kang Tohari, jere wis tekan setaun lewih?. Biasane neng Banyumas angger ana kalawerta pol-pole mung bisa mlaku telung wulan,” ujare kang Soma mertakna kambi ngalem bab iguh pertikel nerbitna majalah sing pancen ora gampang.


“Lha…kiye pandongane rika padha saben wulan esih bisa terbit. Ora ketang menggeh-menggeh, ningen inyong duwe tekad arep terus mlaku merga akeh penyengkuyung sekang Pemkab se-tlatah Banyumas Raya,” inyong njlentrehna karo mandan pamer semendhing.


Dopokan tambah buket maning merga kanca batir liyane kaya kang Tino, kang Kiswo, kang Barun lan Mbekayu Lastri padha nrombol melu ndopok. Ningen ganti acara bab pendidikan lan iguh pretikel wong nyekolahna anak-anake jam siki.


“Jajal inyong takon maring rika Kang. Rika mbokan wis tau dadi Ketua lan Koordinator BP3 se-Kabupaten Banyumas, kepriwe larah-larahe deneng wragad bocah sekolah esih larang bae, esih marekna mumet wong tuwa. Jere esih ana bantuan lan anggaran pendidikan nganti 20 persen,” pitakone Kang Barun ndhedhes jawaban sing trewaca.


“Ohhh…angger ngomongna bab pendidikan lan sekolahan pancen akeh banget lika-likune. Mulane kudu kompak antarane pemrentah, sekolah lan masrakat. Wong tuwa uga aja mung ngendelna lan pasrah bongkokan maring para guru lan sekolahan. Anane Komite Sekolah uga dewehi ayahan sing genah, aja mung dadi tukang stempel, ming monat-manut maring pihak sekolah. Jane pemrentah wis ora kurang-kurang goli aweh bantuan, ningen dhasar anggarane cupet ora bakal nyukupi kabeh kebutuhan sekolah. Mulane seprana-seprene nyekolahna esih larang bae,” Inyong njlentrehna cekak aos nganggo dhasar pengalaman sing ana.

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: