Selasa, 12 April 2011

Wisata Husada Kalibacin


ADUS WELIRANG KON TAMBAH AYU


Obyek plesiran sing siji kiye pancen beda karo liya-liyane. Ya beda panggonane, beda kahanane, beda rasane, beda ambune. Wisata Husada Kalibacin. Deneng Kalibacin? Iya. Pancen banyune mambu mergane ana kandhungan welirang lan zat mineral liyane.
Panggonane neng Desa Tambaknegara, Rawalo, Banyumas. Antarane 17 km sekang Purwokerto, tepate neng lor Bendung Gerak Serayu. Gampang goletane merga neng pinggir gili gedhe Purwokerto-Bandung.

Obyek wisata Kalibacin jane wis lawas madege. Ning nembe taun 1985 depugar lan debukak maning. Miturut dongeng, taun 1503 Kadipaten Bonjok nguwasani tuk banyu neng ngisor gunung nggo ngileni sawah. Taun 1800an Kadipaten Bonjok dekuwasani neng Landa, Kalibacin ora kejaba. Merga tuk banyu kuwe miline gedhe tur ora nglakon sat, taun 1892 njuran degawe padusan. Sangking kewentare tuk banyu kiye akhire taun 1909 Pakubuwono X teka maring Kalibacin saprelu tetirah, nginep nganti 3 dina. Petilasan kuwe nganti siki esih derumat lan depundhi daning warga sekitar Kalibacin. Mulane angger sasi Sura, masrakat nganakna upacara, malah sing teka ora mung warga Kalibacin thok. Sing sekang paran uga akeh.
Taun 1942 gentenan Jepang sing nguwasani Kalibacin. Dedadekna markas, malah nganti gawe benteng sing aran ‘gua kodo’. Taun 1945-1948 derebut maning neng Landa. Ning ora kerumat, akhire tambah rusak. Sewise ana proklamasi, para pejuang lokal sing depandhegani neng Pudjadi Djaring Bandajoeda ngrebut Kalibacin sekang Landa.
Lawas ora kerumat, lawas ora derumat. Taun 1985 Pemrentah Propinsi Jawa Tengah liwat APBD mugar komplek tuk banyu neng Kalibacin, njuran dedadekna obyek plesiran. Mipil semendhing deapiki, mipil semendhing decukupi. Njuran lagi jaman Kepala Dinas Pariwisatane pak HM. Santoso, SH, (taun 2002) Kalibacin detambahi langenan supayane sing plesir ngrasakna betah kecehan banyu welirang.
“Alhamdulillah, anane kolam renang ningkatna jumlah wong sing kepengin adus neng Kalibacin,” Ujare sing ngreksa Wisata Husada Kalibacin, Dewi Kamawati. “Sing maune setaun mung 3 ewu, siki bisa nganti 7 ewu lewih.” Dewi ngimbuhi.
“Ora suwe maning malah arep ana tambahan wahana air rupane ‘mangkok wutah.” Omonge Dewi nyritakna konsep taun 2011 kiye.
Masrakat saubenge Kalibacin uga ngrumangsani obyek Wisata Husada Kalibacin akeh manpangat lan mberkahi. Mulane dadi akeh restoran utawa hotel, malah ana Kelompok Sadar Wisata utawa Pokdarwis. Winginane menang neng tingkat propinsi, dadi Juwara I. Siki masrakat Pokdarwis lagi siap-siap makili Jawa Tengah neng tingkat Nasional ngenani lomba Pokdarwis. Program unggulane kuwe ganyongisasi. Rupane manpangatna pekarangan sekitar umah nggo nandur ganyong sing mengkone arep deolah dadi werna-werna panganan.
Kandhungan Banyu Kalibacin
Banyu Kalibacin pancen beda karo bayu liyane. Sebab ana kandhungan zat mineral sing debutuhna awak. Ana kandungan welirang nganti 13,50 mg. Florida HCL 21,30 mg, Kalsium 58,11 mg, Zat Organic 5,37 mg, uga ana kandhungan Nitrit lan Zink.
Banyu tuk Kalibacin bisa ganti-ganti wernane. Kadhang keton bening nganti dhasar kolame keton, kadhang ijo kaya banyu segara, kadhang biru enom utawa uga keton buthek. Sing kaya kiye gemantung cuaca lan sorote srengenge.
Kandhungan mineral utamane welirang cocog pisan kanggone kulit sing kenang prenyakit. Uga pas pisan nggo nyegerna awak. “Wah, banyune bisa nggo terapi kecantikan lan kebugaran,” ujare Pak Budi Soma Putra sing mbahureksa situs Kalibacin nirokna omongane Kepala Dinas Pemuda Olahraga kebudayaan dan Pariwisata (Dinporabudpar), Dwi Pindarto, SH, M.Hum.
Karcis mlebune murah, mung Rp. 3.500 wis klebu tiket lokasi kolam renang, pancuran lan asuransi.
Wisata Husada Kalibacin pancen potensial dekembangna. Seliayane nggo plesiran uga bisa nggo sinau sejarah, sinau situs peninggalane leluhur. Ning angger dematna, kayong urung ana nggon parkir.
“Ganu wis nglakon ana MoU antarane pihak Desa Tambaknegara karo Dinas Pariwisata ngenani lahan parkir, ning seprene urung klakon. Malah ganu yo wis derencanakna arep degaweknapanggok sajen lan peturasan neng komplek Kalibacin.” Pengarepe Pak Budi Soma sing nganti siki pancen urung kelaksanan. (03)

Sebarna Tulisan Kie!



3 komentar:

ian mengatakan...

ya ampun geneng nyong ora weruh yaaaaaaa...

Unknown mengatakan...

Sayang, domaine esih blogspot Kang....

MAJALAH ANCAS mengatakan...

Nggih niki Pak Tugino? utk sementara mash pake blogspot durung dot.com. dongakna bae men Ancas cepet ndue domain dot.com...