
Drs. H. Mardjoko, MM
Bupati Banyumas
Tanggal 6 April wis detetepna dadi dina kelairane Kabupaten Banyumas. Akeh-akehe warga Banyumas wis padha ngreti lamona Kabupaten Banyumas ngadeg nalika 6 April taun 1582. Dadi taun kiye Kabupaten Banyumas mengeti dina laire sing kaping 429.
Neng dina kelairan kiye kabeh warga Kabupaten Banyumas pantes ngrasa sukur mari Gusti Allah sebab seprana-seprene tansah keparingan slamet-rahayu. Banyumas wis kewentar dadi wilayah sing aman, ayem-tentrem, ora tau ana ontran-ontran apa maning geger-gegeran. Kuwe kabeh merga wong Banyumas pancen dhemen urip sing tata-temata, guyub-rukun, semarah maring kewasane Gusti sing kagungan kewasa.
Ewa semena ora teges warga Banyumas kena ngayem-ayem. Siki jaman kemajuan sing majibaken urip kudu sengkud, nastiti tur ngati-ati. Antarane warga karo pemrentah kudu brayan mbangun Banyumas kanthi regeng. Angger ora kaya kuwe Kabupaten Banyumas bisa kalah karo dhaerah liya. Sing kaya kiye ora kena kelakon.
Awit anane tekad supaya Kabupaten Banyumas teyeng moncer, inyong duwe pengajek-ajek maring kabeh pegawe Pemda; maran padha nglakoni dadi pamong praja sing temenan. Pamong tegese tukang among, utawa wong sing momong. Paraja tegese pemrentah sing sejatine dadi pengejawantahe lan makili rakyat sekabehe. Genahe, pamong praja kuwe tegese among utawa ngewulani rakyat kabeh, nyukupi apa bae sing dadi kebutuhane. Angger nganggo istilah sekolahan, pamong praja tegese dadi public servant utawa pelayan publik.
Tembung pamong praja asale sekang penggagase Ki Hajar Dewantara sewijine preyayi trah Mangkunegaran sing jeneng asline Raden Mas Suwardi Suryaningrat. Bareng Indonesia merdeka, Ki Hajar kepengin ngilangaken istilah pangreh praja sing mung cocog neng alam kerajaan sing wateke feodal. Miturut Ki Hajar, Negara Indonesia kudu diatur neng pemrentah sing wateke ngemong warga, udu pemrentah sing duwe watek pangreh utawa kemuwasa. Kiye pikiran utawa gagasan modern sing kudu ditut.
Eling sing kaya kuwe inyong wis temandang. Para pegawe wis tek prentah kon ngedohi watek pangreh, lan sewalike kon padha mbangun watek pamong. Inyong ya wis wara-wiri aweh pengeling-eling, lamona dadi pegawe pemrentah tegese dadi kewulane wong akeh turan digajih sekang dhuwit pajeg sing debayar neng wong akeh. Pemrentah Kabupaten Banyumas sebisa-bisa wis ningkatna pangewulan utawa pelayanan maring warga kabeh. Kiye wis ana buahe. Buktine Pemkab Banyumas sing lagi tek pimpin keparingan pirang-pirang kanugrahan sekang Pemrentah Pusat.
Senajan kaya kuwe inyong paham esih ana prekara sing esih kudu diapiki utawa detingkataken. Upamane, akeh wong padha nggresulah sebab gili-gili padha bodhol, angel nggolet pegaweyan utawa liyane. Kuwe pancen nyata. Prekara gili, utamane gemantung maring anane anggaran sekang Pusat utawa Pemprov. Lan masalahe ora sederhana. Semena uga prekara lapangan kerja. Masalahe akeh gandheng-cenenge karo situasi ekonomi nasional lan liya-liyane.
Ning dikaya ngapaa warga Banyumas kudu tetep duwe pengarep-arep utawa optimis. Tumrap para pegawe, ayuh padha dadi pamong praja, nyambut gawe sing sengkud, jujur lan diniyati ngewula maring masrakat. Tumrap kabeh warga, maran padha brayan karo pemrentah mbangun Banyumas nganggo cara lan bidhange dhewek-dhewek. Kabupaten Banyumas wis umur 429 taun, wis pantes keton maju lan moncer. Dirgahayu Kabupaten Banyumas. (01)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar