Selasa, 12 April 2011

“Kepengin Praktek Neng Desa”


Prawan ayu sing siji kiye jenenge Nurina Habsah, ningen biasa deceluk Risa. “Celukan Risa kiye penjalukan sekang ninine merga Risa putu sing pertama,” ujare biyunge Risa. Anak mbarepe Pak Chairuddin lan Bu Siti Maemunah kiye duwe adhi kembar loro lanang, Fachmi Muzaqii lan Fachri Muzaqii.


Adi kembare Risa Fachmi Muzaqii siki semester II jurusan Kedokteran Gigi neng Universitas Jendral Soedirman lan Fachri Muzaqii jurusan Arsitek semester II neng Universitas Islam Indonesia, Yogyakarta.


Risa lair neng Jakarta tanggal 8 Juli 1991. Kawit cilik Risa urip neng Jakarta merga ramane Risa asli sekang Jakarta lan wektu semana nyambut gawe neng Jakarta. Biyunge asli Jatilawang, Jatilawang pensiuanan BNI Jakarta.


Wektu SD Risa sekolah neng SD Swasta Nasional Bekasi, Jawa Barat. Njuran lulus SMP Risa nerusna sekolah neng SMP Negri 2 Purwakerta. Lulus SMP Risa nerusna maring SMAN 1 Purwakerta, Banyumas.


Risa sing seneng maca kiye duwe kegiatan pirang-pirang. Jaman sekolah SMP dheweke nganti tau dadi juara I lomba jurnalistik. Neng SMA Risa aktip neng kelompok pecinta alam “Eiger Corp”, lan neng kampus melu aktif neng Dewan Perwakilan Mahasiswa Universitas Jendral Soedirman. Senajan ora patia pinter ngomong banyumasan, Risa dhemen pisan maring sipat cablaka.


Merga dheweke duwe cita-cita kepingin dadi dokter gigi, prawan sing duwe kesenengan munggah gunung kiye siki wis semester IV neng Universitas Jendral Soedirman Fakultas Kedokteran Gigi.


Angger detakoni seuwise lulus arep kerja utawa praktek neng endi, jere dheweke kepingin praktek neng dhaerah utawa desa. Merga neng desa kahanane lewih asri lan lewih perek karo alam. Tur akeh wong cablaka beda karo swasana neng kota sing kemrungsung lan wonge arang sing blaka. (Rahmat)

Sebarna Tulisan Kie!



1 komentar:

tsur mengatakan...

tek dongakna, muga muga kasembadan apa sing dikepengini rika yu..