Hristina Nikolic, SS, M.Hum
Siji maning wong manca kesengsem maring Indonesia. Jenenge Hristina Nikolic. Lair neng Kragujevas, Serbia (Yugoslavia) 16 Maret 1979. Sadurunge maring Indonesia, Hristina kecathet dadi mahasiswa Ekonomi dan Manajemen neng Serbia. Ning basa ulih beasiswa kuliah neng Indonesia dheweke njuran milih nerusna neng UNS, Solo.
Taun 2002 Hristina mlebu neng Fakultas Sastra Universitas Negeri Surakarta (UNS) spesialisasi linguistik. Rampung gasik tur cumlaude. Njuran nerusna maring S2 sisan ya anu beasiswa maning. Maning-maning Hristina lulus cumlaude. Judul tesise “Klasifikasi Genetis Bahasa-bahasa Barito” penelitiane neng Suku Dayak, Kalimantan.
Deneng betah temen neng Indonesia? Hristina semaur lamon dheweke pancen ana mambu-mambu keturunan Indonesia. Ninine gemiyen nglakon dadi bojone wong Indonesia. Mulane cokan dekenalna budaya Indonesia neng ninine. Seumur-umur sawise pisah karo bojone, ninine Hristina ora nglakon teka maring Indonesia. Malah-malah angger lagi kandhahan karo Hristina, ninine cokan kewetu tembung-tembung sing nganggo Basa Jawa.
Hristina kepengin pisan maring Indonesia. Mulane bareng ana lowongan beasiswa dheweke ora thingak, ora thinguk. Ngurus pasport lan visa belajar neng Indonesia. Wong tuwane Hristina uga ora nyana lamon anake wadon arep nekad milih kuliah neng Indonesia.
Bareng butul Indonesia lan sinau budaya Indonesia, dheweke tambah ora kepengin bali maring Serbia. Hristina malah umah-umah karo wong Solo, dr. Putra Agung Wisnu Murti, Sp.OG sing dadi dokter spesialis neng Jakarta. Siki wis duwe anak lanang siji umur 17 wulan arane Noah. Keluarga Hristina siki manggon neng Jakarta.
“Indonesia mbetahi pisan. Pokoke budaya neng Indonesia ora nana neng negarane inyong,” Ujare Hristina wektu ketemu ANCAS neng umahe Kang Tohari.
Dopokan ngalor ngidul kayong angel pedhote. Goli ngomong nganggo basa Indonesia paseh pisan. Hristina nyritakna lamon budaya neng Indonesia kuwe akeh banget tur apik desinaoni. Ora kejaba basa-basa sing ana. Saben dhaerah nduwe ciri lan karakter basa dhewek-dhewek.
“Inyong cocog angger wong Banyumas nggiatna basa lan budayane dhewek. Siki wis ora jaman budaya lokal ngiblat maring negarigung. Merga neng endi ana wong urip, neng kono bakal tuwuh budaya lokal sing kudu deregani, tur ora kena deanggep sepele. Dadi budayane wong Banyumas aja ngiblat maring Solo utawa Jogja. Maran giatna desentralisasi budaya.” Ora mung gutul ngonoh goli dopokan. Hristina uga melu ngrasa preyatin anane budaya utawa basa neng Indonesia dadi punah. “Inyong setuju banget anane Majalah ANCAS. Kiye kena nggo ngerem ancaman punahe bahasa lokal,” ujare Hristina karo manthuk-manthuk maca Majalah ANCAS. (03)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar