"BISA POTO KARO DEGUBED ULA"
![]() |
Kolam nggon ciblonan karo plorodan. |
![]() | |
Arep numpak gajah ya bisa |
Obyek Wisata Seruling Mas Banjarnegara kejaba duwe koleksi sawernane kewan, uga wis duwe pasilitas kolam renang, water boom, dolanan bocah: sepur mini, undar, ombak banyu, jaran puter lan liya-liyane. Kejaba kuwe sing plesir bisa nunggang gajah, onta utawa jaran cilik. Ora mung kuwe, sing ora kalah nyenengna kuwe para pengunjung bisa poto karo kewan. Nyenengi pisan mbokan?
Kewan sing sikile papat yakuwe macan, singa, gajah, jaran, menyawak, baya, onta, jaran kidang lan sapanunggalane. Kewan sing ora nduwe sikil ya ula.
Angger arep poto karo gajah, ula, onta utawa karo jaran bae. Kuwe klebu kewan sing lulut tur manutan. Arep foto jejeran utawa rangkulan ya ora apa apa, malah sing maen foto karo nunggang gajah, onta utawa jaran. Angger arep kepengin poto digubed ula ya bisa, dejamin aman sebab ana pawange. Sing penting ngati-ati lan manut karo pawange. Mangga sedulur, tindak bae plesir nang Serulingmas. Pokoke marem. (Giri P).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar