Senin, 28 Februari 2011

Nasirun, Pelukis

NASIRUN, PELUKIS MBANDHUARA, SENENG NYAH-NYOH

Nasirun. Neng jagad lukis jeneng Nasirun wis ora asing maning. Karya lukise wis ora etungan tur wis tekan ngendi-ora.
Nasirun olih paraban pirang-pirang. Romo Sindhunata ngarani jere ‘Nasirun Ha..Ha..Ha...’ sebabe neng kahanan apa bae, Nasirun bisa ngguyu. Kabeh kahanan neng Nasirun ana celah nggo ngguyu. Ana maning sing ngarani Nasirun kuwe ‘Jawa Anyar’ sebab dheweke bisa ngracik tradisi Jawa-Islam neng kanvas lukisane. Njuran ana ‘Kyai Nasiru’, ‘Pelayan Pasar’ lan esih akeh paraban liyane. Kabeh paraban sing ana malah kanggone Nasirun dadi donga. Donga supaya bisa tetep regeng, tetep semangat makarya neng kanvas lukise. “Kabeh mau tek niati ngibadah”.
Taun 1997 akeh banget wong sing nggoleti lukisane Nasirun. Nganti padha ngantri bot-bote kepengin duwe. Sing kaya kiye ndadekna Nasirun nyimpen lukisan neng sakebeke umah, ora kejaba kamare putri mbarepe, Ima Bunga Insan Sani. “Tugase inyong mung kerja nglukis” Nasirun, bojone Illah, ngimbuhi.
Nggo ngendheg sing padha pesen, Nasirun njuran ada-ada gawe lukisan sing ukurane gedhe. Ning dheweke ora duwe niyat nglarani atine sing kepengin duwe lukisane. Jere tenimbang ngiyani ning ora kecandhak? Malah nambahi rengga.

Slamet Gundono sing kewentar dadi Dhalang Wayang Suket komentar, “Ora nana sejarahe wong pesisir bisa dadi legenda. Ning aja nyepelekna daya-ciptane wong pesisir. Nasirun contone”.
Nasirun pancen asale sekang desa. Presise Desa Adireja, Adipala, Cilacap. Bapane jenenge Pak Sanrustam. Biyunge jenenge Mbok Supiyah. Wong tuwane Nasirun sakloron mung buruh tani. Mulane lagi jaman Nasirun adreng kepengin nerusna sekolah neng Jogja kudu detilalahi adol lawang umah. Njuran lawang kuwe deganti karo kandhi bekas wadhah gabah. Temenan, sawise lulus sekang SMP 2 Maos, Cilacap Nasirun njuran nerusna maring Sekolah Menengah Seni Rupa (SMSR) Yogyakarta. Njuran maring Institut Seni Indonesia (ISI) njimot Jurusan Seni Lukis.

Nasirun bareng karo Ahmad Tohari
Tekade Nasirun sing kenceng ndadekna dheweke salah sijine pelukis neng Indonesia sing banget deregani karya ciptane. Ora kejaba kurator kondhang neng Indonesia, dr. Oei Hong Djien. Jere dr. Oei lukisane Nasirun kuwe kumplit. Duwe teknik sing mateng, imajinasine luar biasa, cerdas tur konsep sing genah ora njuran ninggalna segi estetik. Sing paling mbedakna, saben-saben lukisane Nasirun kowe duwe rasa dhewek-dhewek. Lukisane Nasirun bisa detrima neng kabeh kalangan.
Nasirun siki wis dadi milyarder tur seneng sodakoh utawa nyah-nyoh. Akeh kanca-batir sing wis detulungi. Akeh pondhok, madrasah uga mesjid sing desumbang. Nasiru karo anak bojone siki manggon neng Perumahan Bayeman Permai, Jl. Wates KM 3 Yogyakarta. (03)

Sebarna Tulisan Kie!



1 komentar:

MAJALAH ANCAS mengatakan...

Kye Gambarane ANCAS Edisi 12