
RASANE NYAMLENG PISAN
Jan-jane sing dadi bakul soto jenenge Pak Khariri. Merga panggonane adoh sekang kota, genahe neng desa Jatisaba, Kecamatan Purbalingga, mulane sing padha tuku padha ngarani Soto Jatisaba. Sekang kota prenahe ngetan antarane 2 km.
Pak Khariri wis ngawiti dodolan soto taun 1960. Mau-maune goli dodolan ngider, kiter turut umah. Ning kawit taun 1970 Pak Khariri goli dodolan netep neng umahe dhewek. Aja kewatir ora gutul panggonane Pak Khariri, pokoke angger wis neng Jatisaba, takon wong neng pinggir dalan mesthi nidhokna; ‘nika teng mrika’.

Racikane soto werna-werna. Kupat, mi soun, kecambah ijo uga daging sapi. Krupuke nganggo canthir utawa karag. Njuran deuwuri kacang goreng, muncang-sledri ora keri brambang goreng. Sambele nganggo sambel kacang.
Banyu sotone banget segere. Temenan. Ana maning sing ora kalah pentinge, kecape gaweyane dhewek. Mulane beda karo liyane, nglangeni pisan.
“Lah, enggane patuta inyong arep nambah maning,” ujare Pak Winarso sing nembe rampung mangan soto karo ngelapi kringet sing gemrobyos.
Kanggone wong Purbalingga, khususe sing neng kota, Soto Jatisaba wis dadi klangenan. Mulane senajan uripe wis padha manggon adoh neng paran, angger pas maring Purbalingga padha nyelakna mampir nyoto maring Jatisaba. Maran padha dejajal. (03)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar