Sabtu, 06 November 2010

Sambel Bakar " Siwarak "





Neng tlatah Purbalingga, akeh banget panganan sing dadi ciri khase. Ana Godhogan tales, kimpul, suweg, kripik munthul, strawberry, es duren, sroto so lan liya-liyane. Kiye ana siji maning sing khas banget neng dhaerah Gowa Lawa, persise neng desa Siwarak kecamatan Karangreja, Purbalingga. Arane Sambel Bakar Cengis Ijo.
Pala bukane kaya kiye. Desa Siwarak kuwe panggonane neng erengan gunung Slamet iring wetan. Dadi pancen hawane adhem. Lah angger hawa adhem mangane ora pedhes jere ora marem. Mulane warga neng desa kiye padha ngada-ada kepriwe carane angger mangane kemaruk ning ora kakehen wragad.

Jere, ganu-ganune ana wong arane Kaki Merta. Pedinane lunga meng alas. Angger bali ngumah neng ngisor ram kudu ana sambel nggo lawuh madhang. Pancen, madhange dadi olih akeh merga ana sambele. Ning pog-pogane wetenge Kaki Merta dadi mules akhire dadi bolan-balen maring mburi.
Kaki Merta pancen ora kapok mangan sambel senajan wetenge dadi mulus. Ning Nini Merta sing nyawang malah dadi melas. Mulane dheweke ngada-ada gawe sambel sing ora ndadekna mules. Nini Merta nggerus Lombok cengis ijo, brambang karo uyah. gawe sambel. Njur cirine debakar neng ndhuwur pawon. Kukuse sambel mlekiki pisan, ngrebesna mata. Malah uga gawe gebras-gebres, wain ora leren-leren. Angger sambel bakar jaman siki wis ana inovasine. Padha deimbuhi tempe semangit, jlantah karo micin semendhing.
Kaya biasane, bali sekang alas Kaki Merta langsung bae mbukak ram neng meja pedangan. Dheweke weruh ana ciri klewus pisan merga kenang awu, ning isine sambel. Ngkana-kanane Kaki Merta arep ngomehi sing wadhon. Ning ndilalah Nini Merta lagi neng peturasan mburi umah.
Merga wetenge wis kemruyuk awit esuk urung kisenan sega, Kaki Merta langsung bae nyidhuk sega sing pancen wis cemawis. Manggang-manggong arep ngerod sambel. Ning akhire njajal sekerodan. Kecap-kecap, demat-matna. Kayong beda karo biasane, lewih marem tur lewih nunjek pedhese. Tela, goli madhang malah tanduk, nyiduk sega maning nganti balen pindho. Kringete gemrobyos ngungkuli angger lagi macul neng alas. Nini Merta sing nembe rampung adus metu sekang peturasan niyate arep mbatiri Kaki Merta madhang. Ning basa nyekel ajang, dheweke ndomblong weruh ciri sambele bresih. Ora uman sambel.


Nganti sore Kaki merta sing kewaregen sambel ora sambat wetenge mules, wengi, njur esuk. Ora sambat bae. Mulane agi arep mangkat maring alas dheweke njaluk degawekna maning sambel sing kaya wingi maring Nini Merta.
Critane Kaki Merta sing ora mules merga mangan sambel bakar suwe-suwe semebar maring tangga teparo neng desa Siwarak. Nganti siki esih dadi klangenane wong Siwarak. Hawa adhem madhange lawuh sambel sing ora gawe mules. Lewih nylekamin maning angger sambel bakar kuwe debatiri karo gorengan tahu utawa tempe, gesek lan lodheh terong. Temenan, mertuwane liwat kelalen ora tawa mangan. Kringete gemrobyos pating prentul kaya brondong jagung. Tela koh… (Suratman, Warga Siwarak, Karangreja, Purbalingga-03)

Sebarna Tulisan Kie!



Tidak ada komentar: